KUCIWA

 

Ora kaya dina-dina biasane dina iki Nawi katon pucet praupane saben bali saka sekolahane. Dheweke asring ngalamun ana ing ngendi panggonan. Apa maneh yen mangkat sekolah, rasane males lan bingung. Saben liwat nggon sekolahane wae wis sedhih. Barang wus telung dina Bu Lisa nembe nggatekaken menawa anak bungsune sing sekolah ing SMK Swasta ing Pemalang iku asring ngalamun akhir-akhir iki.

“Nang Nawi, ana apa kowe saben dinane ko ngalamun terus?” Kandane Bu Lisa marang anake dhewe sing lagi njagong ana ing amben kamare dhewe.

“Boten wonten punapa-punapa Bu …”

“Ayo … crita bae karo ibu. Ana masalah apa?” Kandane Bu Lisa maneh ngrayu anake kuwi sing isih katon nelangsa saben dinane.

“Mbokan ibu bisa mbantu perkara apa kang lagi kowe adepi. Kowe kan bisa crita karo ibu …”

Nawi iku bocah kang sregep sekolahe, ora tau mbolos, kalem, pinter, mbekti marang wong tuwane uga seneng melu kegiatan ing sekolahane. Dheweke wus kelas telu iki. Kanca-kancane ya akeh, malah dheweke dadi wakil ketua OSIS. Awit dheweke dadi pengurus OSIS mila dheweke asring melu kegiatan kang ana ing sekolahan, upamane Kemah Bakti OSIS, Kemah Penerimaan Anggota Ambalan Baru, PKS, PMR, Keolahragaan, Kepramukaan, Uga Bela diri lan Seni. Minangka salah sijine pengurus OSIS ya mestine kudu melu-melu nduweni peran.

Kerana sadela maneh teka sasi Agustus mila lumrahe dianakaken kegiatan kemah mengeti HUT Pramuka. Apa maneh surat edaran saka Dinas Pendidikan Kabupaten Pemalang ya wis mudhun kang isine menawi saben sekolahan kususe tingkat SMA/SMK sederajat supaya nganakaken kegiatan perkemahan ana ing sekolahane dhewe-dhewe. Mila pengurus OSIS nganakaken rapat kanggone milih panitia kanggo ngurusi kegiatan kemah mengko. Kang dadi ketuane yaiku anggota seksi kepramukaan yaiku kang dadi Pradanane (ketua kegiatan pramuka). Kleresan Nawi didadekaken sekretarise.

Awit Nawi didadekaken sekretaris mila dheweke asring nggawe surat-surat kanggo kebutuhan kemah mengko. Uga ditugasi nggawe proposal marang sekolahane dhewe kanggo njaluk dana. Tugas iku ya mesti dilakoni Nawi kerana dheweke kagolong bocah kang nduweni tanggungjawab. Anggone nggarap surat mau Nawi dikancani karo Ipul kang lungguhe bareng sakelas.

Dina sawise ujug-ujug ana berita kang nggegerake. Pak guru Zain mlebu maring kelas XII IPA 1 yaiku kelase Nawi. Pak guru matur yen ing kelas iki ana bocah kang njupuk barang dodolan ing koperasi siswa. Ilange dina wingi sore (pas mbarengi Nawi bali sore). Pak guru uga matur kang rumangsa njupuk enggal dibalekaken. Jarene dheweke ngerti yen kang njupuk mau bocahe sregep sekolahe, ora tau mbolos, kalem, aktif, uga seneng melu kegiatan ing sekolahane nanging dheweke ora gelem nyebutaken arane bocah sapa, amarga sabenere pak guru iku mung entuk katrangan tanpa bukti lan seksi. Ananging saka ciri-ciri kang wis disebutaken pak guru mau wis jelas bocah kuwi mau yaiku Nawi.

Dina-dina dirasa sangsaya abot. Kanca-kancane sakelas ya ana kang ngandel ana kang ora. Nanging kabeh mau pada bingung yen kuwi bener apa ora. Ana kang ora ngandel amarga wis ngerti sipate Nawi kuwi apik saben dinane ya kagolong bocah kang tanggungjawab. Kang ora ngandel ya ngira yen ngono iku bisa-bisa bae sebab manungsa ora lali saka dosa. Guru-gurune padha katon curiga menawa weruh Nawi liwat. Kaya-kayane saka kedep mripate ngandakake menawa Nawi iku bocah kang ora bener.

Dina ganti dina Nawi sangsaya asing ana ing sekolahane. Kaya-kaya kepengin metu saka sekolahan kuwi sanadyan dheweke ora rumangsa salah. Nanging dheweke bingung lan mikir yen kaya ngono kuwi ora ngrampungaken masalah lan bisa ndadekaken curiga kanca-kancane lan gurune. Pak guru Zain ya ora nindak lanjuti ngendikane wingi. Nggantung  kabeh ora ana kamestian.

“Bu … kula diarani nyolong barang wonten ing koperasi Bu ….” Kandane Nawi sinambi mripate katon metu banyune.

“No, kok bisa!!!” Bu Lisa kaget barang krungu anake ngomong ngono. Nanging kerana Bu Lisa kagolong wong kang sabar, dheweke ora terus jengkel-jengkel.

“Kowe ora mungkin nyolong kan?” Kandane Bu Lisa maneh kepengin ngerti jawaban saka anake sekaliyan negesake yen anake kuwi dudu tukang nyolong.

“Boten Bu, kula wanci puniku namung apel damel proposal kagiyatan kemah mangke. Kula dipunkancani dening Ipul nanging wekdal sapunika Ipul ijin wangsul ngrumiyini kula. Kula boten mendet napa-napa wonten ing ruangan punika. Kula namung ngetik Bu ….” Katrangane Nawi sinambi mbrebes mili lohe sansaya banter.

“Lo, ko bisa kaya kuwi? Ya wis nang, angger kaya kuwi ya kowe sabar bae, mengko mesti ketemu sing sabenere. Becik katitik ala ketara.” Kandane Bu Lisa ngadem-ngademi anake dhewe.

Pancen bener Nawi ora njupuk barang apa wae kang ana ing koperasi. Pak guru namung entuk kabar saka juru kebun yen dina sadurunge kelangan kuwi sing bali menyang ngomah keri yaiku Nawi. Kanti dhasar mengkono pak guru nyurigai Nawi kang njupuk barang ing koperasi. Keputusan iku mestine ya wis dirembug bareng guru liyane uga kepala sekolah. Sakbenere barang kang ilang ya ora akeh. Nanging mbok menawa bener Nawi kang njupuk mengko supaya dibalekaken.

Seminggu suwene masalah iku nggantung ora ana tindak lanjute. Awit pak guru ya bingung kerana ora ana bukti lan saksine sapa kang njupuk. Nawi ya ora gelem mbelekaken barang kang kasebut kerana ora rumangsa njupuk barang mau. Nanging dina tambah dina Nawi sangsaya sedhih kerana saya sithik kancane awit dheweke ya seneng dhewekan. Guru-gurune padha katon beda ora kaya biasane. Nawi pingin nangis menawa ngemut-emut masalah kuwi. Saben sholat Nawi ndonga marang Pengeran supaya masalahe enggal dirampungake lan ketemu kejelasane.

Saben guru-guru mulang masalah iku mesti disindir-sindir. Apamaneh yen pak guru Zain sing mulang, kaya-kaya kabeh nyalahaken Nawi nanging ora wani ngarani secara langsung. Perkara kaya mengkana iku kang sabenere aja dilakokaken dening pak guru. Kang bisa ndadekaken resahe murid lan martabate guru mudhun menawa kedadeyan iku ora bener. Ananging tindakan mau dilakokaken kerana rasa gempremete barang koperasi bisa ilang.

Mbeneri kang mulang pak guru Zain. Pas dina iku Nawi isih sada mriyang, awake panas lan sirahe mumet. Dheweke ijin karo pak guru metu saka ruangan saperlu maring mburi. Sawise Nawi metu saka ruang kelas Ipul ngacungake tangane kaya arep takon marang pak guru.

Pak, kenapa Bapak selalu menyindir Nawi terus? Dia kan belum tentu salah. Sekarang apa buktinya kalau dia salah atau mana saksinya?” Kandane Ipul marang gurune.

Dumadakan sakelas rame-rame mbelani Nawi kang maune ora wani ngomong dadi pada ngomong.

Ya Pak, kami merasa kasihan bila sekolahan menuduh Nawi begitu saja tanpa bukti atau saksi yang kuat. Kami kecewa dengan sekolahan ini.

Tenang-tenang, kami tidak menuduh … namun barangkali dia yang melakukan dia harus bertanggungjawab …” kandane pak guru sinambi kawatir ujug-ujug siswa dadi kritis.

Berarti sekolahan ini tidak percaya dengan murid-muridnya, sehingga menyangka begitu saja tanpa alasan.

Kalau begitu kita demo saja sekolahan ini teman-teman ….

Ya … demo saja … demo, demo, demo ….

Dumadakan kelas rame banget kaya dene ana kampanye. Murid-murid padha metu saka jero kelas ora ngurusi pak gurune kang lagi mulang. Angen-angene bocah sadela maneh dasare istirahat kaping pindo. Akhire barang istirahat teka, bocah-bocah mau ngajak-ngajak kelas liyane supaya melu demo. Karan bocah wateke wis enom, sanajan ana kang ora ngerti perkarane ya sing penting melu kanggo rame-rame. Banjur saksekolahan diaturi kabeh. Kabeh rame-rame ana ing ngarep kantor. Kang mimpin Ipul dhewe nganggo microphone sekolahan. Guru-gurune padha kaget barang weruh akehe bocah kumpul ana ngarepan kantor lan padha metu saka kantor kepara ngadhepi bocah-bocah. Intine demo mau njaluk supaya aja gampang nyurigai murid, sebab durung ana bukti utawa seksine. Bocah-bocah njaluk supaya guru-guru padha njaluk ngapura marang Nawi, kerana Nawi ya tergolong bocah kang nduwe jasa ana ing sekolahan. Nanging pihak guru isih ora gelem ngapura sadurunge ana kang ngaku njupuk barang ing koperasi. Akhire demo ora ana kasile namung saka kuciwane, murid-murid padha bali sanajan dorong wayahe bali.

Dina sawuse demo Nawi ora mlebu sekolah kerana isin karo guru-gurune uga karo kanca-kancane sing liya. Padahal dheweke ora kepengin yen ana demo kanggo mbelani dheweke. Dheweke ora mlebu sepisan kerana isin kaping pindhone kerana dheweke pancen isih ora kepenak awake. Dheweke ya ngirim surat ijin marang sekolahan.

Dina candhake wayah sore, ora sengaja juru kebun menangi wong kang menek tembok sekolahan mlebu menyang ruang kantor kang gandeng karo ruang koperasi. Barang diinjen wong mau nuju marang koperasi lan njebol lawang lemarin koperasi nganggo drei. Wong mau njupuki barang apa bae kang ana. Sakwuse rampung wong mau metu saka ruangan liwat cendhela. Ora ngerti yen wis dicegat dening juru kebon wong mau metu terus dicekel lan ditaleni ing saka. Banjur juru kebon mau nglaporake kedadeyan mau marang kepala sekolah supaya enggal diurus. Ora suwe anggone lapor dumadakan ana polisi loro teko menyang sekolahan lan wong mau digawa menyang kantor polisi.

Sawise dijaluki katrangan maling mau ngakoni yen dheweke njupuk barang ana ing koperasi wus kaping pindho iku. Wektune ya padha karo kang kelangan wingi. Ateges kang njupuk barang ing koperasi iku dudu Nawi.

Kabeh dadi ngerti yen kang njupuk barang ing koperasi sekolahan iku dudu Nawi. Akhire guru-gurune nembe padha ngrumangsani salah pangira. Banjur dina candake pak guru Zain makili guru-guru lan bocah-bocah minangka wakil murid nekani omahe Nawi saperlu njaluk maaf sinambi njenguk kerana isih mriyang. Nawi kang mriyang mau dumadakan mari lan bisa sekolah kaya biasane. banjur pengurus OSIS bisa nindakaken kemah mengeti HUT Pramuka kanti sukses.

Dening     : Faroid